Powered By Blogger

Senin, 24 Februari 2014

PAHLAWANKU


Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

SEGARA AYU


Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku

JAMAN KOMPUTER

 

Jamane wis sarwa komputer
Akeh wong padha keblinger

Rodha becakmu tetep munyer
Sarapan sega rawon

Jamana wis sarwa mal plaza
Uripmu panggah nguler kembang
Gethuk tela pendhak rina

Jamane wis sarwa supermarket
Ing desamu pasar pendhak kliwon
Dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon  
Golek bati sarepis adus kringet

Jamane wis sarwa satelit
Pacul arit panggah nggegurit
Nggo ngrabuki jagad alit
Jamane wis sarwa edan
Lanang ilang jalere
Wadon ilang wanitane

Wayah Maghrib

 
Wancine wis repet-repet peteng
Sang surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane bocah rame dolanan ora keprungu maneh
Mbarengi swara bedhug masjid tengara maghriban
Ujug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener menyang omahe bu bidhan
Jarene semahe arep babaran
Temenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin....
Negarane tambah jiwa siji
Tegese kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine maneh ing piyandele
Ing tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat lanang wadon tuwa enom
Padha sujud sangandhape pepadane Gusti
Bubar Mahgrib kendhuren-manten
Dening Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam ing batin sataun kepungkur
Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang kakudang-kudang ing tembene
Dadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh
Dumadakan keprungu swara tangise jejeritan
Mbah Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone jantraning Bawana
Manungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing wayah Mahgrib
Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana kang lagi palakrama
Ana uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin .....