Powered By Blogger

Senin, 10 Maret 2014

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

Sabtu, 01 Maret 2014


Isek Tresno Slilamu 


Ko seberang laut kangenku 
Numpak kapal perahu 
Arep nang dermaga sliramu 
Ndang Papak'en ta tunggu 

Ta sawang laut biru 
Seger rasa neng atiku 
Mbayang-mbayangne sliramu 
Nek ngguyu gawe kangenku 

Isek kelingan pora karo aku 
Sak suwene ora nang sandengku 
Neng njero neng atiku 
Sak tenane isek tresno sliramu